
Suwandi, S.S.
Penulis
Museum-museum budaya, seni, lan perjuwangan, mirunggane sing mapan ana ing laladan Ngayogyakarta, kayata Museum Negeri Sonobudoyo, Museum Tani Jawa Indonesia, Museum Pusat TNI AD Dharma Wiratama, Museum Monjali, Museum Taman Tino Sidin, lan liya-liyane, racake nduweni koleksi dandang, minangka koleksi museum, lan ana uga sing nduweni koleksi lukisan Jaka Tarub. Sekeplasan, koleksi kekarone ora ana gegayutane. Nanging, tumrap masarakat Jawa, sejatine koleksi rong werna iku ana gegayutane.
Dandang klebu barang prabot pawon (dhapur) tumrap masarakat Jawa ing jaman biyen kang biasane digawe saka kuningan utawa tembaga. Yen ing museum budaya, barang iki biasane dilebokake dadi prabot mangsak tradhisional kang kagolong langka. Dene yen ing museum perjuwangan, biasane dandang dadi koleksi prabot pawon kang nduweni fungsi kanggo mbantu para pejuwang nalika ngadani perjuwangan rikala jaman perang sadurunge mardika lan perang revolusi. Dene lukisan Jaka Tarub klebu koleksi pribadi pelukise, kayata lukisan yasane Tino Sidin.
Sejatine antarane koleksi dandang lan koleksi Jaka Tarub, tumrap masarakat Jawa iku ana gayutane. Embuh disengaja utawa ora, nyatane ing crita Jaka Tarub mengko kacritakake anake prabot pawon kang aran dandang.
Crita Jaka Tarub tumrap masarakat Jawa jaman biyen wis klebu lumrah lan kerep kacritakake turun-tumurun saka wong tuwa marang anak, simbah marang putu, lan sapiturute. Mung emane ing jaman saiki, racake bocah enom wis ora ngerti critane Jaka Tarub. Ing crita kasebut, uga nyebut prabot pawon kang aran dandang. Critane ringkese mangkene.
Sawise Jaka Tarub bisa omah-omah karo widadari kang aran Dewi Nawangwulan lan kaparingan momongan siji wadon aran Dewi Nawangsih, uripe dadi tentrem lan ayem. Nanging siji sing kerep dadi pitakonane Jaka Tarub ing batine, kenangapa parine sing neng lumbung ora entek-entek sawise bebojoan karo Dewi Nawangwulan. Nanging nganti wektu iku, Jaka Tarub durung entuk wangsulane.
Sawijing dina, ing wayah esuk, Dewi Nawangwulan arep umbah-umbah popoke bayine menyang kali. Sadurunge mangkat wis weling marang Jaka Tarub supaya gelem njagani geni pawon supaya ora mati lan segane ing dandang enggal mateng. Nanging piwelinge Dewi Nawangwulan marang garwane, supaya ora pisan-pisan mbukak tutup dandang.
Sawise Dewi Nawangwulan menyang kali, Jaka Tarub malah dadi kepengin ngerti, kenangapa kok dipenging dening garwane. Yen istilah saiki, Jaka Tarub dadi penasaran. Mula ora sranta utawa ora sabar, dheweke enggal mbukak tutup dandang. Dheweke kaget setengah mati, jebul sing ana ing jeron kukusan dandang ora awujud beras nanging mung sauli pari. Dheweke enggal-enggal nutup maneh tutup dandang supaya ora dikonangi garwane. Saka kedadeyan iku, Jaka Tarub banjur ngerti, layak parine ing lumbung ora entek-entek amarga sing diolah mung sauli pari.
Ringkese crita, Dewi Nawangwulan nesu sawise ngertene kedadeyan iku lan ndadekake kasektene ilang sanalika. Wiwit dina iku Dewi Nawangwulan yen arep adang sega, saiki kudu nutu pari dhisik.
Mangkono mau gegayutane koleksi dandang ing museum lan crita Jaka Tarub. Muga-muga wae bisa kanggo nambah wawasan bab koleksi museum lan crita kearifan lokal. (*)
Yogyakarta, 2 Januari 2025