Uyah, Barang Pangaji ing Jaman Kuna: Katulis ing Prasasti-Prasasti kang Saiki Dadi Koleksine Museum

Uyah, Barang Pangaji ing Jaman Kuna: Katulis ing Prasasti-Prasasti kang Saiki Dadi Koleksine Museum

WhatsApp
Twitter
Facebook
Telegram
Picture of Suwandi, S.S.

Suwandi, S.S.

Penulis

     Ora nyana babar pisan, yen sing jenenge uyah, basa Ngoko, utawa sarem, basa Krama (garam, basa Indonesia) ing jaman kuna nduweni pangaji sing gedhe tumrap sawijining krajan (kerajaan). Beda karo jaman saiki, uyah dianggep bumbon sing lumrah, ora kerep dicatur ing bebrayan agung utawa masarakat lan dianggep bumbon kang regane murah, yen dibandhingake karo lombok, brambang, bawang, lenga, beras, apadene asil bumi liyane. Kamangka sejatine uyah nduweni jejer kang penting banget, senajan rasane mung asin. Amarga sakabehing panganan kang diolah iku sejatine mbutuhake uyah minangka salah sawijining bumbon kang kudu ana.

     Pancen yen dirasak-rasakake uyah iku ing wektu iki regane murah saben sekilone. Beda banget yen dibandhingake karo rega-rega bumbon liyane kaya kang kasebut ing dhuwur, regane bisa puluhan nganti atusan ewon, apa maneh rega iwak utawa daging sapi. Mula arang banget, yen ana dhemo utawa protes ing masarakat, kang dadi bahan dhemone mesthi barang liya, kayata beras, lenga goreng (minyak goreng), bensin (bahan bakar), utawa liyane. Uyah ora tau dadi bahan dhemo senajan uyah kerep dibutuhake kabeh wong.

     Kanyata, senajan uyah klebu barang bumbon kang murah regane, nanging ing jaman kuna, klebu barang kang pangaji banget. Kerep uyah minangka barang kang klebu dadi unggulane sawijining krajan lan dadi barang dagangan sing didol metu ing jaban rangkah. Amarga ing jaman biyen, durung akeh tlatah utawa dhaerah ing bisa ngasilake “barang komoditi” uyah, kejaba mung dhaerah-dhaerah tartamtu. Mula ora mokal, kanggo dhaerah-dhaerah tartamtu ing tanah Jawa kang bisa ngasilake uyah, kerep-kerepe krajan menehi pangaji-aji (penghargaan) marang dhaerah kasebut minangka dhaerah bebas pajeg lan adate krajan ngetokake prasasti minangka tetenger pangaji-aji kasebut.

     Salah sawijining prasasti minangka pangaji-aji kang nate diwetokake dening krajan Majapait (Majapahit) yaitu Prasasti Biluluk. Prasasti iki cacahe ana telung lempengan logam. Diwetokake kanggo dhaerah sing saiki mapan ing wilayah Kabupaten Lamongan, Jawa Timur.
Prasasti mono sejatine nduweni teges minangka sawijining barang tetenger (wujude barang atos, luwih awet) kayata watu andhesit lan blebekan (lempengan) logam kang ana tulisan utawa aksara kunane, bisa aksara Pallawa, Jawa Kuna, Jawi, utawa aksara liyane lan umure atusan taun. Tulisan mau luwih ringkes kang nuduhake pengaji-aji marang sawijining dhaerah kang nduweni lelabuhan marang krajan, kayata minangka dhaerah kang ngasilake uyah, beras, emas, wadhuk, papan pangibadahan, lan liya-liyane. Adate dhaerah istimewa kasebut bebas saka mbayar utawa pasok pajeg kang kudu disetorake marang krajan. Lan prasasti kang tinemu ing tlatah-tlatah ing Jawa cacahe akeh banget.

     Saliyane Prasasti Biluluk kang nembe dirembug ing kalodhangan iki, tinemokake uga prasasti-prasasti liyane kayata Prasasti Yupa saka Krajan Kutai, Prasasti Ciaruteun saka Krajan Tarumanegara, Prasasti Plumpungan saka Krajan Mataram Kuna, Prasasti Wukiran saka Krajan Medhang, Prasasti Satyapura saka Krajan Majapait, lan liya-liyane. Uga akeh tinemokake tetinggalan liyane kang awujud naskah. Yen naskah, padatane isine luwih komplit lan luwih dawa. Racake naskah ditulis ing lontar utawa rontal, daluwang, utawa kertas. Bab naskah karembug ing kalodhangan candhake.

     Bali maneh menyang Prasasti Biluluk. Miturut pawarta internet kang ditulis dening Finariyah saka Universitas Diponegoro Semarang Jawa Tengah, ngandharake menawa Prasasti Biluluk ing wektu saiki dadi koleksine Museum Nasional Jakarta. Prasasti Biluluk mau, miturut Finariyah, minangka tinggalane Krajan Majapait, nuduhake taun 1316 Śaka utawa 1393 Masehi lan ditemokake ing Desa Bluluk, Kabupaten Lamongan, Jawa Timur. Ing sumber liya (detakpos.com) nuduhake Prasasti Biluluk ditemokake ing antarane taun 1288—1317 Śaka utawa 1366—1397 Masehi, rikala jaman panguwasane Hayam Wuruk (1350—1389 Masehi) lan jamane Wikramawarddhana (1389—1429 Masehi). Anane Prasasti Biluluk saka jaman Krajan Majapait, bisa uga jaman semana (jaman biyen) ing desa kasebut katemokake tuk (sumber) banyu asin, kang sabanjure banyu asin kasebut dikemonah dening rakyat dadi uyah (garam). Mula, sabanjure desa kasebut dadi tanah perdikan kang bebas saka mbayar pajeg marang krajan.

     Ing wektu saiki, jeneng Bluluk (ing prasasti kasebut Biluluk) uga dadi jeneng dhusun, desa, lan kecamatan ing Kabupaten Lamongan. Papane ana ing sisih kidul kulon (barat daya) kutha Lamongan kang adohe kira-kira 41 km. Kutha Kecamatan Bluluk ana ing Desa Bluluk. Kecamatan Bluluk nduweni desa cacahe ana 9 (wikipedia.org).

    Ing prasasti kasebut, Prasasti Biluluk II ing antarane katulis, //iku wruhane si para juru nȋl asambewara, samadaya, yen andikaning, hamagenaken andikanira tala/, /mpakanira paduka bathara sri parameswara sira sang mokta ring wisnubhawana, dene kalulupatane si parawangsa ring/, biluluk….//